Sabtu, 26 Juni 2010

Roh Suci

Duk semono naliko jenengsiro aneng telenging telogo tanjung
Opo kang ono telenging samudro roh suci
Roh suci sopo kang kagungan, kagungane Gusti Ingkang Moho Suci

Siji, loro mulung
Telung sasi rupo
Patang sasi osik
Limang sasi malik
Enem sasi ngetang
Pitung sasi gya ngajun
Wolung sasi ngetang
Sangang sasi gya midjil

Lamun arso midjil ono loro mergane kang siji metu mergo ino, kang siji datan metu mergo ino, kang metu mergo ino roh suci, kang dadi manungso, iku keno pati, kang datan metu mergo ino, ratu jalu klawan estri lamun jabang bayi arso midjil, sopo kang midjil rumuhun, kang midjil rumuhun kawah, kawah jejuluk "sastrojendro" peparap mami, sak wusnyo sastrojendro aneng njobo gyo manguwuh-uwuh kadange anom "he jaji kang lagi aneng guwo garbane ibu", pangudusaniro sastrojendro, jaji jenengsiro den aglis midjil kadangiro tuwo wus aneng njobo, aneng njobo ono warno-warno kang endah tur edi-edi

Sanaliko jabang bayi arso metu, pun ibu kroso uwat jabang bayi sanaliko nendro, hayuningrat arso ngupadi kadang tuwo pembarepipun kang peparap sastrojendro ono ing ngendi pandunungane, kadang anom arso ketemu, endi to margoniro ngupoyo bisonyo ketemu, sanaliko hayuningrat uro-uro, "kakang-kakang sastrojendro, kadangiro anom arso ngupadi ono ing ngendi papan pandununganiro, kadangiro anom hayuningrat arso matur kadyo pundi pawartanipun kadangiro anom arso mangerti", wangsulane sastrojendro, "yo bener kadang ingsun hayuningrat jenengsiro yekti kadang ingsun moro jaji manjuwo dene gupuh ono ngarsanipun kakang, mulo jenengsiro den aglis maturo, "eling den eling, lamun eling sun elingi, lamun lali sun bondo", hayuningrat matur, " lamun luput nyuwun pangaksono", wangsulane sastrojendro, "paweling ingsun kuwi kanggo adege bener, kadang luput yo luput, kadang bener yo bener".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar