Sabtu, 26 Juni 2010

Laku Lan Tumindake Putro

Laku (laku njero)
1. Ojo ngaku (kumingsun) jalaran mratandani goro.
2. Ojo ngrumangsani, jalaran yen ngrumangsani tegese darbe rumongso sumbarang (widagdo ing patrap) malah wigar sabarang gati.
3. Ojo mungkir, tegese selak, kudu jujur sing temen-temenan, ono ucao ono uni.

Tumindak (laku njobo)
1. Ojo gumunan, tegese gampang kepincut dening kepinginan, darbe kapribaden dewe.
2. Ojo wegah netepi (nuhoni) darmo minongko jejibahan.
3. Ojo wedi, yo iku tumekaning pasti.
4. Ojo mutung lamun ngalami kegagalan.

Kudu biso ngrasuk busono loro
Kasarjanan
muluring nalar anane sepisan iku sir, lampahing iku cipto, lungiding iku budi, telu-teluning mau gembleng dadi siji, yo ingkono lungguhing biso tumindak opo wae kang wis dadi kewajibane (darmane dewe-dewe).

Kasujanan
Tegese minongko kanggo panglimbang amargo bener luput, olo becik kuwi wis sinandang, tegese yo dadi darbene dewe lan kabeh kuwi mau ono, mulo murih biso runtute laku lan tumindak biso diwawas (ditimbang-timbang) kanti temenan, jalaran olo becik, bener luput biso diungkiri maneh, ingkono mau rogo kang wenang milih, yen tumindake bener sing bakal oleh kuwi yektine sopo? nanging kosok baline, yen tumindake luput, sing bakal nompo yo sopo?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar