Sabtu, 26 Juni 2010

Kinanti Lobong

Wis katon sasorotipun trontong-trontong amadangi kabeh dunyo kang gumelar ngalam iki, mangertiyo jenengsiro kang murbo lan amiseso sang hyang mono jati yekti.

Karsane hyang Romo prabu mbengkas durmolaneng bumi kari endang lan satriyo kang ginadang dadi wiji, wiji janmo kang utomo, tuwuh-manuwuh sejagad royo, karyo raharjane bumi.

Heh kabeh putraningsun pirengno sabdoningsun iki, "ojo podo was sumelang, ingsun jangkung rino wengi sun emban, sun gendong, siro yekti tan pisah sarikmo siro ingsun yekti jati".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar